Jumat, 21 November 2008

Kidung Wuyung


Kidung wuyung



wong manis
sinambi nyawang tetesing gerimis
binareng sore lembayung
dak kirim kidung wuyung

supaya wengi iki
ing telenging ati
kabeh suara sanubari
linambaran katresnan suci

enggal jawaben kabeh rasaku
kareben nyawiji karo nafasku
sajiwa manunggal bebarengan lumaku

Tidak ada komentar: