Jumat, 12 September 2008

Kembang kirimanmu

kembang kirimanmu
wis dak tampa tanpa layu
katon seger ngganda arum
wis rinonce sajroning tamanku

mung welingku cah manis
kembang sing dakkirim
enggal dironce kanthi asri
dadio endahing tamaning ati

enggal dironce kanthi endah
tinandur kuat ing jeron manah
aja nganti ono selah
mung kembangku sing tumata kebak

mung welingku cah ayu
isinen taman atimu
mung kanthi asmaku
dadiyo endah lakumu lakuku



4 komentar:

iLova mengatakan...

Apik iki Mbah ...
apa meneh di nyanyikan campur sari

hihihihihihi ....

triwied mengatakan...

duet karo sliramu yo...

wkkkkk

Unknown mengatakan...

Aduh siMbah kok yo romantis tenan jeh...

Anonim mengatakan...

wah ndang dironce Mbah, putumu tak melu ngiring :D